Pasinaon Basa Jawa
Warta
TABUNG GAS PADHA MBLEDHOS
Karepe
mono kepengin nyuksesake programe pamarentah ing babagan konversi
tabung gas minangka gantine lenga pet (mambu) kanggo urusan mangsak
lan olah-olah liyane. Nanging sawise telung taun mlaku, dadine malah
gawe mirise warga masarakat sing padha nggunakake tabung gas,
khususe sing bobot 3 kg. Mirise warga masarakat mau mesthi wae ana
dhasare. Amarga nganti tekan saiki akeh kedadeyan tabung gas padha
mbledhos lan nyebabake warga masarakat kang dadi korban. Wis puluhan
tabung gas mbledhos ing pirang-pirang dhaerah lan nyebabake korban
kang ora sethithik. Malah sebageyan korban nganti tumekaning pati.
Durung maneh sing sebageyan nandhang tatu abot lan entheng.
Kapitunan liyane uga dirasakake dening warga masarakat, kang umume
saka ekonomi lemah, kayata omah lan saisine kang acur lan remuk.
Pira wae kapitunan kang wis ditandhang dening rakyat cilik.
Pancen ancase pamarentah pusat iku apik, kanggo nyuda subsidi lan supayane ngurangi pemanasan global. Nalika rakyat isih padha nggunakake lenga mambu kanggo olah-olah lan kabutuhane liyane, jarene subsidi utawa bantuwan saka pamarentah tansaya mundhak saben taune. Mula pamarentah banjur gawe ada-ada konversi minyak tanah marang gas. Apa maneh masarakat uga entuk-entukan barang gratis awujud tabung gas 3 kg, kompor gas saselange. Mesthi wae kabeh mau disengkuyung dening masarakat.
Wis dadi cirine pamarentah, nalika ana program anyar banjur enggal ditandangi kanthi nggandheng pehak-pehak liya kanggo nyuksesake program kasebut. Lan maneh, sejatine pamarentah uga wis gawe standard barang supaya bisa gawe keslametane rakyat. Nanging sing kerep dilirwakake dening pamarentah adate ing babagan “pemantauan” barang produksi. Mula ora mokal, nalika produksi kasebut wis dipasrahake dening pehak liya, pamarentah wis lali ora ngecek maneh hasile prodhuksi sing digawe pehak liya mau. Nalika barang kasebut wis tekan rakyat, jebul ana cacade, sing jarene ora cocog karo standard sing ditemtokake dening pamarentah. Malah sok-sok uga nyalahake rakyat sing ora dhong nggunakake tabung gas. Mula nalika wis akeh kedadeyan tabung gas mbledhos, pamarentah lagi ribut maneh. Wah pokoke rakyat cilik sing terus entuk awu, mesakake tenan. Wis golek pangan angel, isih entuk risiko gedhe mbledhose tabung gas.
Berita
BANYAK TABUNG GAS MELEDAK
Tujuan sebenarnya ingin ikut menyukseskan program pemerintah dalam hal konversi tabung gas sebagai pengganti minyak tanah untuk urusan memasak dan sejenisnya. Tetapi setelah tiga tahun berjalan, justru membuat ketakutan warga masyarakat yang menggunakan tabung gas, khususnya berbobot 3 kg. Ketakutan warga masyarakat itu tentu saja ada dasarnya. Sebab hingga saat ini sudah banyak kejadian tabung gas yang meledak sehingga menyebabkan warga masyarakat yang menjadi korban. Sudah puluhan tabung gas meledak di berbagai daerah dan menyebabkan korban yang tidak sedikit. Bahkan sebagian korban menemui ajalnya. Belum lagi sebagian lainnya mengalami luka berat dan ringan. Kerugian lainnya juga dirasakan oleh warga masyarakat, yang umumnya berasal dari ekonomi lemah, seperti rumah seisinya porak poranda dan hancur. Berapa banyak kerugian yang harus ditanggung oleh rakyat kecil.
Memang sebenarnya tujuan pemerintah pusat itu baik, yaitu untuk mengurangi subsidi dan supaya mengurangi pemanasan global. Ketika rakyat masih menggunakan minyak tanah untuk urusan memasak dan kebutuhan lainnya, katanya subsidi yang diberikan pemerintah kepada rakyat kecil terus mengalami kenaikan setiap tahunnya. Maka pemerintah lalu berinisiatif membuat program konversi minyak tanah ke gas. Apalagi masyarakat juga mendapat barang gratis dari konversi itu berupa tabung gas 3 kg, kompor gas dan selang perlengkapannya. Tentu saja program pemerintah itu lalu didukung oleh masyarakat.
Sudah menjadi tradisi pemerintah, ketika ada program baru segera dilaksanakan bekerjasama dengan pihak-pihak lain untuk menyukseskan program tersebut. Dan lagi, sebenarnya pemerintah juga sudah membuat standard barang agar dapat menjamin keselamatan rakyat. Tetapi hal yang sering dilupakan oleh pemerintah adalah dalam hal pemantauan barang produksi. Maka tidak heran jika produksi tersebut sudah dipasarkan ke pihak lain, pemerintah sudah lupa tidak lagi mengecek hasil produksi yang dibuat pihak lain tersebut. Ketika barang sudah sampai pada rakyat, ternyata ada cacadnya, yang katanya tidak sesuai dengan standard yang ditentukan oleh pemerintah. Bahkan kadang-kadang pula justru menyalahkan rakyat yang tidak paham menggunakan tabung gas. Maka ketika banyak kejadian tabung gas meledak, pemerintah baru ribut lagi. Wah pokoknya rakyat kecil selalu terus yang mendapatkan dampak buruknya, sungguh kasihan. Sudah mencari nafkah sulit, masih harus terkena risiko besar dari ledakan tabung gas.
Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono